Lamun sira nggeguru kaki,
Amilih manungsa kang nyata,
Ingkang becik marthabate,
Sarta kawuruh ing kukum,
Kang ngibadah kang wirangi,
Sukur oleh wong tapa,
Ingkang wis amungkul,
Tan mikir pawehing liyan,
Iku pantes sira guranana kaki,
Sartane kawruhana.