Selasa, 10 Mei 2011

kupu-kupu

kumleyang sak ben tamanku
mubang mubeng ing nduwur kembang
ngincupi kembang kang lagi mekar
gawe taman katon endah

5 komentar:

  1. Nunggu tekamu

    Ati iki rasane koyo loro banget
    Ngerti sliramu karo wadon liyan
    Netes luh ing mata
    Koyo-koyo sliramu gag ngroso
    yen aku tresno
    tak batin loro ati iki
    ora oleh guna yen aku ngomong sliramu
    amarga sliramu wes dadi duwek e wong liya

    luh ku trus netes
    yen kelingan sliramu
    aku pengen nglalekne awakmu
    tapi aku gag iso…
    mesti trus kelingan sliramu

    AKU TRESNO SLIRAMU SAK LAWASE…

    BalasHapus
  2. Lurung anyar


    Wis wancine kowe mencaki lurung-lurung anyar,
    Kutha sing mekar amarga ramene pasar,
    Gang-gang buntu tumuju tembok watu,
    Nglurung dharatan cengkar, lemah sangar.
    Aku lan kowe winates ing pager,
    Ditata rega, jaman semono tetep tak coba,
    Ngrengkuh kabeh sing ketok neng mata,
    Endahe sesawangan,
    Nanging kabeh mung saderma sunggih warna.
    Aku lan kowe mung bisa sesawangan saka kadohan,
    Winates dalan sabrangan,
    Tansaya ruwet karo wira-wirine tetumpakan.

    BalasHapus
  3. UDAN WAYAH SORE



    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    BalasHapus
  4. PETENGING WENGI

    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

    BalasHapus
  5. Tumiaping angin ing sidharamping
    Nyawa tekaku ing papan iki
    Rinenggut tresna ing njerone dhadha
    Tampanana nda iki pancen nyata
    Mrono mrene wira-wiri ora liya sing ngajak
    Kanthi ya mung siji

    Kaya ngene rasane
    kang lagi lelumbang
    Ngenani tresna ing atiku atimu
    Watu andha wis dhak unggahi dhak liwati
    Minangka tenger ati ngauji
    Reruntungan napati mardi
    Binarung gremicik suarane banyu
    Gawe bungah rasa njroning ati
    Mesem guyu sliramu mring aku
    Tumetes waswa pralanda renaku.

    BalasHapus