Ati iki rasane koyo loro banget Ngerti sliramu karo wadon liyan Netes luh ing mata Koyo-koyo sliramu gag ngroso yen aku tresno tak batin loro ati iki ora oleh guna yen aku ngomong sliramu amarga sliramu wes dadi duwek e wong liya
luh ku trus netes yen kelingan sliramu aku pengen nglalekne awakmu tapi aku gag iso… mesti trus kelingan sliramu
Wis wancine kowe mencaki lurung-lurung anyar, Kutha sing mekar amarga ramene pasar, Gang-gang buntu tumuju tembok watu, Nglurung dharatan cengkar, lemah sangar. Aku lan kowe winates ing pager, Ditata rega, jaman semono tetep tak coba, Ngrengkuh kabeh sing ketok neng mata, Endahe sesawangan, Nanging kabeh mung saderma sunggih warna. Aku lan kowe mung bisa sesawangan saka kadohan, Winates dalan sabrangan, Tansaya ruwet karo wira-wirine tetumpakan.
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu
sumribit angin ngelus langit sore manuk sriti bali ing pucuking cemara nganti tekaning wengi sing nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore tumlawung rasa kang ngulandara wengi bakal tumeka maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung bakal gawang-gawang campur mega-mega apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
Tumiaping angin ing sidharamping Nyawa tekaku ing papan iki Rinenggut tresna ing njerone dhadha Tampanana nda iki pancen nyata Mrono mrene wira-wiri ora liya sing ngajak Kanthi ya mung siji
Kaya ngene rasane kang lagi lelumbang Ngenani tresna ing atiku atimu Watu andha wis dhak unggahi dhak liwati Minangka tenger ati ngauji Reruntungan napati mardi Binarung gremicik suarane banyu Gawe bungah rasa njroning ati Mesem guyu sliramu mring aku Tumetes waswa pralanda renaku.
Nunggu tekamu
BalasHapusAti iki rasane koyo loro banget
Ngerti sliramu karo wadon liyan
Netes luh ing mata
Koyo-koyo sliramu gag ngroso
yen aku tresno
tak batin loro ati iki
ora oleh guna yen aku ngomong sliramu
amarga sliramu wes dadi duwek e wong liya
luh ku trus netes
yen kelingan sliramu
aku pengen nglalekne awakmu
tapi aku gag iso…
mesti trus kelingan sliramu
AKU TRESNO SLIRAMU SAK LAWASE…
Lurung anyar
BalasHapusWis wancine kowe mencaki lurung-lurung anyar,
Kutha sing mekar amarga ramene pasar,
Gang-gang buntu tumuju tembok watu,
Nglurung dharatan cengkar, lemah sangar.
Aku lan kowe winates ing pager,
Ditata rega, jaman semono tetep tak coba,
Ngrengkuh kabeh sing ketok neng mata,
Endahe sesawangan,
Nanging kabeh mung saderma sunggih warna.
Aku lan kowe mung bisa sesawangan saka kadohan,
Winates dalan sabrangan,
Tansaya ruwet karo wira-wirine tetumpakan.
UDAN WAYAH SORE
BalasHapusudan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
PETENGING WENGI
BalasHapussumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
Tumiaping angin ing sidharamping
BalasHapusNyawa tekaku ing papan iki
Rinenggut tresna ing njerone dhadha
Tampanana nda iki pancen nyata
Mrono mrene wira-wiri ora liya sing ngajak
Kanthi ya mung siji
Kaya ngene rasane
kang lagi lelumbang
Ngenani tresna ing atiku atimu
Watu andha wis dhak unggahi dhak liwati
Minangka tenger ati ngauji
Reruntungan napati mardi
Binarung gremicik suarane banyu
Gawe bungah rasa njroning ati
Mesem guyu sliramu mring aku
Tumetes waswa pralanda renaku.